Senin, 02 Februari 2015

Tuladha Tembang Gambuh

Titi Laras 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

Pamete saka luyut,
Sarwa sareh saliring panganyut,
Lamun yitna kayitnan kang miyatani,
Tarlen mung pribadinipun,
Kang katon tinonton ing kono.
***
Nging aywa slah surup,
Kono ana sajatining Hurup,
Yeku Hurup pangarep Uriping Budi,
Sumirat sirat narawung,
Kadya Kartika katongton.
***
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur setyo lumuntur,
Dhihin: Raga; Cipto; Jiwo; Roso; kaki
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahaning Manon.
***
Sembah Raga puniku,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
Kang wus lumrah limang waktu,
Wantu wataking wewaton.
***
Ing nguni-uni durung,
Sinarawung wulang kang sinerung,
Lagi iki bangsa khas metokken anggit,
Mintokken kawignyanipun,
Sarengate elok-elok.
***
Thithik kaya santri Dul,
Gajeg kadi santri brahi kidul,
Saurute Pacitan pinggir pasisir,
Ewon wong kang padha nggugu,
Anggere padha nyalemong.
***
Kasusu arsa weruh,
CAHYANING HYANG kinira yen karuh,
Ngarep-arep kurup arsa den kurebi,
Tan weruh yen Urip iku,
Akale haliru enggon.
***
Yen ta jaman karuhun,
Tata titi tumrah tumaruntun,
Bangsa srengat tan winor lan laku batin,
Dadi nora duwe bingung,
Kang padha nembah Hyang Manon.
***
Lire sarengat iku,
Kena uga ingranan laku,
Dhihin ajeg kapindhone ataberi,
Pakolehe putraningsung,
Nyenyeger badan mrih kaot.
***
Wong seger badanipun,
Otot daging kulit balung sungsum,
Tumrah ing rah memarah antenging ati,
Angruwat ruweting batos,
Antenging ati nenungku.
***
Mangkono mungguh ingsun,
Ananging ta sarehne asnapun,
Bedha-bedha panduk panduking dumadi,
Sayekti nora jumbuh,
Tekad kang padha linakon.
***
Nanging ta paksa tutur,
Rehne tuwa tuwase mung catur,
Mbok lumuntur lantarane ring Utami,
Sing sapa temen tinemu,
Nugra ageming kaprabon.
***
Samengko sembah kalbu,
Yen lumintu uga dadi laku,
Laku Agung kang kagungan Narapati,
Patitis teteping kawruh,
Meruhi marang kang momong.
***
Sucine tanpa banyu,
Mung nyunyuda mring hardaning kalbu,
Pambukane tata titi ngati-ati,
Atetep telaten atul,
Tuladan marang waspaos.
***
Mring jatining pandulu,
Panduking ndon dadalan satuhu,
Lamun lugu legutaning reh maligi,
Lagehane tumalawung,
Wenganing alam kinahot.
***
Yen wus kambah kadyeku,
Sarat sareh saniskareng laku,
Kalakone saka eneng ening eling,
Ilanging rasa tumlawung,
Kono adiling Hyang Manon.
***
Gagare ngunggar kayun,
Tan kayungyun mring ayuning kayun,
Bangsa anggit yen ginigit ora dadi,
Marma den awas den emut,
Mring pamurunge lelakon.
***
Samengko kang tinutur,
Sembah katri kang sayekti katur,
Mring Hyang Suksma, Suksmaning sahari-hari,
Arahen dipun kecakup,
Sembahing JIWA sutengong.
***
Sayekti luwih prelu,
Ingaranan pepuntoning laku,
Kalakuwan kang tumrap bangsaning batin,
Sucining lan awas emut,
Mring alaming lama manot.
***
Ruktine ngangkah ngukut,
Ngiket ngruket Tri loka kakukut,
Jagad Agung ginulung lan Jagad cilik,
Den kandel kumandel kulup,
Lan kalaping Alam kono.
***
Keleme mawa limut,
Kalamatan jroning alam kanyut,
Sanyatane iku kanyatahan kaki,
Sajatine yen tan emut,
Sayekti tan bisa amor.

______________________
#iz5_2feb15#

Tidak ada komentar:

Posting Komentar